Senin, 07 September 2009

buyut ku pengeleng2 ku

Tak sawang petilasane(pusara/kuburan) buyut ku seng akeh sukete. Mergo ora tau di sambangi lan diresi`i anak putune, akhire ora ke urus dibandingne karo petilasan sing enek kiwo tengene. Ora mokal sedil uk engkas yen enek wong mati anyar iso kenek endeh, wong keadaane yo wes nemen rusak`e.

Nurut critane buyut putri, wektu buyutku lanang isik sugeng lan wis tuwo. Panjenengane sering lungguh karo nglamun lan matane sembab netes eku nangis. Jarene, mungkin panjenengane kelingan biyen pas isik dadi wong duwe . ora mong buyut putri seng sak iki isik sugeng seng crito, nanging anak lan putune seng isik ngonangi termasuk bapakku. soale bapak ki dadi momongane buyut lanang wektu isik cilik.

Buyut lanang, bondo donyane entek jalaran mek nguber seneng(mendem wedo`an, tegalan seng etaran karek sak encepan omah. Saben panen ora tau sobo omah nganti ulanan lek duwite hasil dodolan gong entek. Budal dodol ngawe pakean lengkap, giliran balek kari udeng, kaos kotang lan sarung sendal.

Isik nurut critone buyut putri, cilik`e buyut lanang ki anak pingitan, seng mingit ki wong sugeh dadi mulai cilik ora tau kekurangan. Nganti gede di lopo bondo donyo njaluk opo ae keturutan (di jaman itu). Pokok`e uripe tansah kepenak , ora kepenak piye wong anak pingit siji2ne.

Bareng wes rodo sepuh uripe sengsoro, malik satus wolong puloh derajat. Batine keronto2 nganti tekan sedane.

Sak iki mek karik dadi pengeleng2/pelajaran anak putune. Urip ki ora mung mburu seneng, urip ora mung dino iki, tingkah polah awak`e dewe ora mung kanggo dewe`e dewe. anak putu ora mung butuh ditinggali bondo donyo. bondo donyo penting tapi ilmu seng luweh penting...........................

Tidak ada komentar: