Kamis, 03 September 2009

Legend of name blitar city

Koyo wes dingerteni, miturut luwih soko siji buku sejarah, utamane buku Bale Latar, Blitar didekake sekitar abad ke-15. Nilasuwarna utowo Gusti Sudomo, anak soko Adipati Wilatika ing Tuban, uwong kepercayaanne Kerajaan Majapahit, sing diyakini dadi tokoh sing mbabat alas. Podo karo sejarahe, Blitar biyen, alas sing durung kejamah manungso. Nilasuwarna, wektu kuwi, ngemban tugas soko Majapahit supoyo numpas pasukan Tartar sing ndelik ono ing njero alas kidol (Blitar dan sekitarnya). Sebab, bala tentara Tartar kuwi wes wani mbrontak sing iso ngancem eksistensi Kerajaan Majapahit. Singkat cerito, Nilasuwarna iso sukses njalak ake tugase kanti becik, Bolo pasukan Tartar sing ndelik ono ing alas kidol iso dikalahke.


Amergo jasa-jasane, karo pemerentah Majapahit, Nilasuwarna diwenehi hadiah supoyo ngelola alas kidol, yo iku medan perang sing digawe nglawan bala tentara Tartar sing wis kasil dikalahke. Luwih soko kuwi, Nilasuwarna sakteruse ugo dianugerahi gelar Adipati Ariyo Blitar I sing daerah kekuasaane ono ing alas kidol . Kawasan alas kidol iki , sing saksuwene mlakune jaman trus dijenengake karo Adipati Ariyo Blitar I dadi Balitar (Bali Tartar). Jeneng iku dadi tondo utowo pangenget kanggo ngenang kesuksesane nakluk ake alas kuwi. Mulai soko wektu iku Adipati Ariyo Blitar I njalak ake kepemimpinane ono sak isore Kerajaan Majapahit kanti becik. Deweke rabi karo Gutri utowo Dewi Rayung Wulan, lan duwe anak Djoko Kandung. nanging, ono ing tengah dalan kepemimpinane Ariyo Blitar I , ono kedadean pemberontakan sing didalangi karo Ki Sengguruh Kinareja, sing ora liyo yo iku Patih Kadipaten Blitar dewe. Ki Sengguruh kasil ngerbut kekuasaan soko tangane Adipati Ariyo Blitar I, sing wektu pertempuran dengan Sengguruh dikabarake tumpes. Sakteruse Sengguruh mimpin Kadipaten Blitar dengan gelar Adipati Ariyo Blitar II. Sak liyane kuwi, deweke ugo duwe maksud ngawini Dewi Rayung wulan. Meruhi bopo ne (Adipati Ariyo Blitar I) ddi pateni karo Sengguruh utowo Adipati Ariyo Blitar II Djoko Kandung ngawe prehitungan. Djoko kandung terus ngawe ontran-ontran mbrontak marang Ariyo Blitar II, lan kasil. Djoko Kandung terus dianugerahi gelar Adipati Ariyo Blitar III. nanging sayangnge ono jero sejarah kacatet yeng Djoko Kandung ora gelem nompo tahta kuwi, senadjan secara de facto deweke tetep mimpin wargo Kadipaten Blitar.

Tidak ada komentar: